ALL LOGO

ALL LOGO

Rabu, 22 Februari 2012

TMBANG MACAPAT


Sinom

Nulada laku utama
Tumpraping wong tanah jawi
Wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinestu tanpa brata
Tanapi ing siyang ratri
Hamemangun karyenaktyas ing sasama

     (wedhatama, mangkunegara IV)


Pangkur

Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun  kadulu
Miwah Ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri


Pucung

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha (sepur),
Bapak pucung dudu watu dudu gunung,
Sangkamu ing plembang,
Ngoh-ingone sang Bupati,
Yen lumampah si pucung lembehan grana. (Gajah)


Kinanti

Wanti-wanti pituturku
Pitungkas putra lan putri
Den awas waspadeng nala
Nalare gelaren nuli
Ywe kadhung nandhang cilaka
Temahan nemahi alis













Pangkur

Siswa siswi dha rungokna
Pituturku datan jeleh tak baleni
Nadyan padha ora nggugu
Macan galaj ora bakal mangsa sunu
Ngono uga dwijanirap
Tansah tlaten anuturi

Bakal tentrem wulpira
Lamun sira padha gelem ngajeni
Aja padha kanen
Upamakne kabeh padha tunggal rama ibu
Rukun agawe santosa
Congkrah bubrah kang pinanggih

Gyo rungokna para siswa
Away sira dhemen padha apradondi
Myang kabeh kanca kadang, sapa salah ngakonana lamun luput,
Anyingkiri regejegan,
Kudu tansah den elingi


Dhandang gula

Werdining kang wasita jinarwi
Wruh ing kukum iku watekira
Adoh marang kanasthane
Pamicara puniku
Weh reseping ingkang miyarsi
Tatakrama punika
Ngedohken panyendhu
Kagunan iku kinarya
Ngupa buga, dene kelakuan becik
Weh rahayuning raga

Durma

Dipunsami ambanting sariranira
Segah dhahar lawan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngombra-ombra
Lam-lamen ing tyas sireki
Dadi sabarang
Karsanira pribadi








Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Wedhatama

Dhandang gula
Pelog barang

Dhedhep tidhem prabawaning ratri
Sasa dara wus manjer kawuryan
Tankuciwa memanise
Menggep sri natengdalu
Siniwaka sanggyaning dasih
Aglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene kabeh kebekan
Saking kehing teranggana kangsuniwi
Warata tanpa sela