ALL LOGO

ALL LOGO

Rabu, 22 Februari 2012

CERITA rakyat Calon arang


Calon arang

Nalika semana kang jumeneng nata ing Kediri minangka ratu tanah Jawa jejuluk Sang Prabu Airlangga. Ana sawijina pandhita asmane Empu Baradhah, kagungan putra putrid nama Widawati kang lagi umur 11 taun banjur ditinggal seda garwane. Empu Baradhah karma maneh nanging putrane aran Widawati ora betah ndherek ibune kwalon, milih lunga menyang pasareane ibune lan ora gelem bali, pilih dedunung ana kono. Perkara kuwi ndadekake susahing penggalihe ramane. Mula ing pasarean kono banjur diedeki omah kanggo putra putrina Sang Widawati apadene Empu Baradhah sabrayat dedunung ing kono.

Ing dusun Girah ana sawijine warandha, yaiku Calon Arang duwe anak wadon siji kang endah sulistiya ing warna, aran Rara Manggali. Anak wadon mau wus ngancik dhewasa, malah kepara wus kasebut prawan kasep, nanging durung ana sing nglamar. Sebab warandha mau wus kondhang menawa panggawene ala, seneng neluh uwong. Warandha mau banget panas atine, dene anake kang endah sulistya ing warna nganti dadi prawan kasep, mula banjur pasang teluh. Wong sanagara akeh kang ketaman lelara, lan akeh sing padha tiwas.

Sang Prabu Airlangga nimbali para ahli nujum, didhawuhi mriksa utawa nliti apa kang njalari pageblug kuwi mau. Para ahli nujum matur menawa pageblug iku mau panggawene warandha ing Girah. Mulane Sang Prabu banjur utsan para punggawa kinen nglurung menyang Girah, nanging para prajurit padha kasoran, kepara akeh sing padha tiwas. Lelara sangsaya ndadra, Empu Baradhah dijaluki tulung dening Sang Prabu supaya nyirnakake Mbok Randha Calon Arang.

Nalika iku Empu Baradhah kagungan siswa aran Bahula, didhawuhi dening Empu Baradhah supaya nglamar anake Mbok Randha Calon Arang kanga ran Ratna Manggali. Kasunyatan panglamare Bahula ditampa dening Mbok Randha. Tumuli Bahula kar Ratna Manggali kadhaupake, lan lestari dadi jodhone. Sajrone Bahula ana Girah melu maratuwane, wusana bias nyidra kitabe Mbok Randha kang isine pirang-pirang japamantra, klebu ngilmu kanggo panulake. Kitab banjur diaturake menyang ngarsane Empu Baradhah.

Empu Baradhah sawuse nampa kitab saka Bahula tumuli tindak menyang Girah, saperlu mituturi marang Mbok Randha bab panggawene ala kang ndadekake sengsarane wong akeh mau. Mbok Randha ora mendha nanging malah tambah muntap, satemah banjur diperjaya dening Empu Baradhah. Bareng Mbok Randha tiwas, kabeh lelara terus sirep, kahanan dadi ayem tentrem.