ALL LOGO

ALL LOGO

Kamis, 23 Februari 2012

Njaban Rangkati Dhadamu

Njaban Rangkati Dhadamu

Njabah rangkah pancen kala-kala mentalan
Tega milara senajan dipilara mapane ing jero iga-iga
Ora ngatonake tatu semplah
Uga ura neteske rah,….
Mung yen wancine ketrajang atis perihe datan bisa latis
Dasah salamne pisan ngungkuli tatu picis

Ya kuwi ngger,…..
Kang dadi yandhingmu mengko
Samangsa wektune uwal
Saka pandhongane Ibu

Nuli tuwuha
Ngrembaka dadi satria kang madhep,
Manteb tatag, tanggon, lan awatak satria
Ora sambat nalika njaban langkah
Cumanthaka,………..
Lan poma weling ku

Aja nganti lirwa kuwajibanmu marang Gusti
Dimen njaban rangkah dhadhamu
Luwih gampang katelukake nalika krodha
Samengko,……