ALL LOGO

ALL LOGO

Minggu, 26 Februari 2012

TEKS PIDATO BOSO JOWO


Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

PIDATO BAHASA JAWA
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak saha ibu,dewan juri ingkang kula hormati. Rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin mangga kula dherekaken panjenengan sadaya ngunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, awit saking nugrahanipun kula panjenengan sami dipun paringi nikmat kesehatan saengga saged mengeti dinten Pendidikan ing enjang punika kanthi sehat walafiat, mboten wonten kekirangan setunggal punapa.
Para rawuh ingkang minulya,
Ing saben tanggal 2 (kalih) Mei kita sadaya mengeti dinten Pendidikan. Ngrembag babagan dinten Pendidikan, mboten saged uwal kaliyan panjenenganipun Ki Hajar Dewantara. Ki Hajar Dewantara dipunlairaken rikala tanggal 2 Mei tahun 1899. Kenging punapa tanggal kelahiranipun Ki Hajar Dewantara punika dipun pengeti dados dinten Pendidikan? Lelabetanipun Ki Hajar Dewantara ing babagan pendidikan saestu ageng sanget, saengga Ki Hajar Dewantara dipun wastani Bapak Pendidikan ing Indonesia. Kejawi punika Ki Hajar Dewantara ugi dados perintis kemerdekaan Indonesia, ugi pelopor wartawan ing Indonesia. Lelabetanipun Ki Hajar Dewantara sapunika sampun saged dipun raosaken dening sinten kemawon warga masyarakat saindhenging nuswantara.
Rikala taksih timur Ki Hajar Dewantara kagungan asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Raden Mas Suwardi Suryaningrat taksih kalebet wayah saking panjenenganipun Kanjeng Gusti Pakualam ingkang kaping tiga. Dados saged kawastanan manawi panjenenganipun punikataksih trah Pakualaman. Sanajan panjenenganipun putra ningrat, ananging mboten kagungan watak ingkang gumedhe utawi sombong, panjenenganipun kagungan greget utawi semangat tumrap ing demokrasi tuwin nggadhahi pangajab ndadosaken bangsa Indonesia punika saged nggayuh kamardikan.
Perjuanganipun Ki Hajar Dewantara kawiwitan nalika panjenenganipun nyerat artikel ingkang irah-irahanipun “Umpama Aku Dadi Wong Landa” seratan punika ndadosaken dukanipun Bangsa Walandi. Inggih awit saking seratanipun kalawau, panjenenganipun lajeng dipun bucal dhateng Negari Walandi, sesarengan kaliyan Dokter Cipto Mangun Kusuma tuwin Danudirjo Setia Budi utawi Douwes Dekker. Ingkang asring pun sebat Tiga Serangkai.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Sesampunipun Ki Hajar Dewantara dipunkonduraken saking Negari Walandi panjenenganipun ngedegaken pawiyatan ingkang dipun wastani“Taman Siswa”. Sekolah Taman Siswa Nggadhahi sesanti “Ing ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani. Ingkang artosipun kirang langkung menawi guru punika kedah dados pamong ingkang tansah dados panutan tumrap siswa-siswinipun tuwin masyarakat sakiwatengenipun.
Para rawuh ingkang minulya,
Kanthi lelabetanipun Ki Hajar Dewantara mboten wonten lepatipun menawi kula lan panjenengan mengeti dinten Pendidikan ing saben tanggal 2 Mei kados sapunika. Mangga kula panjenengan sami nglajengaken perjuangan ingkang sampun dipuntindakaken Ki Hajar Dewantara kanthi tumindak asih kangge ngasuh lan ngasah kapinteran kita. Mugi-mugi kula lan panjenegan sami dipun paringi kekiyatan anggenipun majoaken pendidikan ing wekdal punika.
Pungkasanipun atur, kathah kekirangan anggen kula matur tuwin kirang ing suba sita, kula nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.