ALL LOGO

ALL LOGO

Rabu, 22 Februari 2012

cerita rakyat - Wahyu Makutha Rama


Wahyu Makutha Rama

Ing Gunung Kuthaeunggu ana pandhita kang gentur tapane, peparab Begawan Kesawasidhi. Nuju sawining dina nampa pisowane para siswa, salah sijine yaiku Anoman. Anoman nyuwun katrangan babagan lelakone.

“Dhuh Sang Pandita, punapa sebabipun dene Gusti kula Prabu Raa Wijaya, Raden Laksmana, Paman Sugriwa lan para kadang wanara sampun sawetawis wekdal wangsul dhateng alam kelanggengan, dene kuo kok taksih gesang kemawon. Kula sampun bosen gesang pramila nyuwun paduka tedahaken marginipun pejah !”

“Anoman, menepna rasaning atimu lan weningna pikirmu. Pati lan uriping manungsa iku ana panguwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa, dene manungsa mung sadrema nglakoni. Anggonmu isih diparingi urip, sebab isih ana kewajiban sing durung paripurna,” mangkono pangandikane Begawan Kesawasidhi kanthi sareh.

Begawan Kesawasidhi banjur dhawuh marang Anoman lan para siswa liyane supaya tansah rumeksa katentremaning pertapan.

Para Kurawa kang dipandhegani dening Adipati Karna lan Patih Sengkuni gawe kisruh ing pertapan. Sedyane kepingin njaluk Wahyu Makutha Rama, nanging bias katandhingi dening Anoman, satemah para Kurawa bubar mawut bali menyang negarane.

Raden Arjuna didherekake Punakawan catur, yaiku Semar, Gareng, Petruk apadene Bagong sowan ngabyantara Begawan Kesawasidhi, sedyane kepingin suwita. Sang Pandhita uninga menawa Raden Arjuna Satriya kang gentur tapa lan mantheng panembahe mula pantes nampa kanugrahan wedharing Wahyu Makutha Rama.

Wahyu Makutha Rama iku kanugrahan arupa wedharan piwulang luhur agemaning Prabu Rama nalika ngasta Negara Pancawati. Wujude piwulang yaiku Hastha Brata utawa laku cacah wolu. Jejering raja utawa pemimpin kudu nduweni wataking tirta, kisma, dahana, samira, aldaka, samodra, candra, lan surya.