ALL LOGO

ALL LOGO

Rabu, 22 Februari 2012

PUISI JAWA


Sekolahku


Saben esuk lakuku tumuju ing gapuramu
Dalan sing tak liwati tetep dalan iki
Nanging embun sing kepidhak ing suketan
Dudu embun sing wingi

Kanca-kanca isih pada nyapa aku
Nanging eseme saya katon sumringah
Gawe bngah ing atiku

Guruku isih tetep sing wingi
Ana wae sing di paringake
Mundhak dina saya akeh ilmu
Sekolahku sing wenehake aku ilmu