ALL LOGO

ALL LOGO

Senin, 27 Februari 2012

pidato boso jowo


Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMPN 22 Surabaya, Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani.
Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 sapunika. Kula siswa kelas 9E ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 9 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika. Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.

Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun

Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa
Assalamualaikum wr wb
Salam rineggo ing karahayuan peparingipun Gusti
Para alim ulama ingkang satuhu kulo dereaken sagung fatwah soho mauidoh hasanahipun
Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu pono ing pamawas tuwin lebdo ing pitutur ingkang dahat pinundhi pundhi
Para pangemban pangembating praja para satriyaning nagari utaminipun para dwijo SMPN 1 Bae, soho konco roang samudayanipun wiwit tataran 7 ngantos tataran 8 ingkang kula tresnani.
Puji syukur kito caosaken dumateng ngarso dalem Allah SWT, Ingkang sampun maringaken kanikmatan ingkang arupi kabagyan, kabagaswarasan soho karahayon dumateng kita sedaya.
Kulo minongko wakil atur saking para siswa tataran 9
Ingkang sepisan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dumateng para
Bapak ibuguru ingkang sami anggulowentah wiwit tataran 7 sahenggo tataran 9 dumugi
Lulus ing pawiyatan sakmeniko, Hambokbilih kulo sakonco wonten kesalahan soho kekirangan babagan menopo kemawon kulo sakonco kelas 9 sedayanipun kulo nyuwun gunging samodro pangaksami
Ingkang kaping kalih ugi mboten katalompen nyuwun pangapunten ingkang sakathah kathahipun hambok bilih para siswa tataran 9 anggenipun sesrawungan sabendintenipun wonten kesalahan awit samudayanipun meniko titah kang limrah.
Ingkang kaping tiganipun namung puji pangestu ingkang tansah kulo antu-antu mugi kulo sak konco siswa tataran 9 saget nerasaken pawiyatan luwih inggil lan sae. Sakyektosipun kula sakonco kraos awrat sanget nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinul ingkang sregep supados saget wujudaken panggayuhingkang inggil dados lare ingkang lantip.
Namung semanten saking kula, hambok bilih anggen kulo matur sajak wonten solah bowo,tatakrama soho paramasastra ingkang kirang mranai penggalih panjenengan sami kulo nyuwun agunging samodro pangaksami
Kupat janure klopo menawi lepat nyuwun pangapuro.
Billahittaufik walhidayah
Wassalamualaikum warohmatullahi Wabarokatuh
Nuwun

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 10 ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ing wulan April menika utawi luwih leresipun tanggal 22 dumugi 24 April tahun 2008 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.