ALL LOGO

ALL LOGO

Kamis, 01 Maret 2012

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN SEKOLAH



PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN SEKOLAH

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi SMPN temayang ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan saenggo kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 punika. Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW.

Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakanca dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika, matur suwun sanget kulo piambak kalian wakilipun sedoyo rencang aturaken kagem bapak ibu guru.
Tigang warsa mboten keraos mpun dipun lampahi temtu kula kalian sedoyo rencang nggegadahi imutan sae lan awon mugi lantaran sedanten emutan puniko wau kula soho sedoyo rencang bakal nuwuhi raos kangen sanget dateng smp temayang ngriki. Mboten ketilar kulo selaku wakilipun kelas 9 ngaturaken gunging samudro bapak ibu guru sedoyo supados kerso ngapuntenaken sedoyo klenta klentu kulo lan rancang sami.

Kula sakanca inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun dongo supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bongso lan negara. Sejatosipun kula sakanca kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika.

Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 kususepun kagem kulo piyambak supados sinau ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam perkawis manfaataken wekdal, wekdal puniko gentos ning mboten keraos mulo ampun ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah kalian sinau salah sawijinipun kwajiban kulo kalian adek adek sedoyo, utawin diartosaken usaha kalian do’a, tujuane setunggalkemawon inggih puniko supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip slamet ndonyo akhirat amin.

Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakanca kagungan sisip sembering. Ingkang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kemawon. Kula aturaken matur sembah suwun.