ALL LOGO

ALL LOGO

Jumat, 09 Maret 2012

Gunung Tangkuban Perahu

Gunung Tangkuban Perahu

Gunung Tangkuban Perahu iku dumunung ing propinsi Jawa Kulon. Prenahe kaparing lor kulon saka kutho Bandung. Manawa sinawang saka ing kadohan Gunung Tangkuban Prau kaya-kaya mujudake sawijining prau kuang mengkureb. Katon biru maya-maya banget lan nengsemake.

Miturut dongeng, kedadean Gunung Tangkuba Prau iku mangkene. Dhek biyen ana raja ing Pajajaran kagungan putra-putri aran Dhayang Sumbi. Dhayang Sumbi mau wis kagungan putra kakung aran Sangkuriang. Awit saking nakale, Sangkuriyang mai sirae dituthuk enthong dening Ibune. Sangkuriyang mlayu kelaran terus bablas ora mulih. Sangkuriyang banjur nglembara nganti pirang-pirang taun lawase. Dheweke banjur maguru marang sawijining Ajar (Pandhita) kang sekti.

Suwening suwe Sangkuriyang dadi sawijining wong sekti mandraguna.
Kacarita Sang Ajar mau kagungan putra putrid sing sulistya ing warni. Sangkuriyang keprana banget marang putrane Sang Ajar mau. Mula dheweke nedya kepingin anggarwa sang putrid mau. Ig sawijining wektu kala putrid lagi metani Sangkuriyang weruh tatu gethok kang ana ing sirahe. Sang putrid takon “Kena apa musthakane tatu gethek iku ?” Sangkuriyang banjur crita menawa nalika isih cilik dheweke mothah, saengga ibune duka banget. Dheweke banjur dithuthuk enthong ing sirahe. Saking wedine dheweke banjur lunga saparan-paran. Wusanane dheweke banjur dadi siswane Sang Ajar.

Mring katrangan kang tlesih saka Sangkuriyang . Sang Putri kanga tine. Dhayang Sumbi iku kaget banget. Samrepet panone lan kuwur pandelenge ora ngira lan ora nduga menawa calon garwane iku sajatine putrane  dhewe.