ALL LOGO

ALL LOGO

Kamis, 01 Maret 2012

GEGURITAN - RONG REKAAT


GEGURITAN

RONG REKAAT

Resik-resik nyegerne mata
Pipi teles ngilangke males, lan sirah tuwuh kang wening
Sawangan kaya sumunar lintang
Sanajan tangsih remeng-remeng kahanan

Semana uga banyu bening, kang wridan sewengi nutug lega
Bisa ndhadekake dhri ngilangake godha
Nglunturke culika, amara lan sakdengah
Awujud lair utawa batin
Dadi pangeleng-eleng
Wayah sesembahan kudu di bedhah
Wayah manembah kedah ora bubrah

Takdir, mula wujud salam
AL Fatikhah ndadar tauhid
Rukuk arupi pasrah
Lan sujud akir manembah