ALL LOGO

ALL LOGO

Senin, 05 Maret 2012

geguritan-GRAHANA


GRAHANA

Kesampar kesandhung sikile kesrimpet dhadung
Atine murih nora wuyung wit katresnan dadi dalaning lelayu kesedhidan biru
Panjang ilang kaya nglangute ketawang nganti tesmak kedhepmu kaya aluse bedhayan

Kebulet kedhadung atine prawan kena wuyung gendaming asmara sang aji guru kang ambebidhung
Gawe gendra samangsa kembang kudhup sore iku mekar kudune
Emane sinesep dhewe ing candhikala madune
Sing dadi pengayoman
Sing dadi piandeling jaman
Busuk ketlikung pangipasing setan
Iblise wis kebisik ngrasuk njelma dadi jubah putih
Dadi temgung manuhara gelema manuta manuta dak pilot gelema dakpilut

Kesampar kesandhung sikile kesrimpet dhadung
Wusana kudhupe padha kinremus enthung
Enthunge rumangsa ketlikung jugar tapane arum ilang mung kari bacine
Apa nithaning pasuwitan iki bakal tinimpa ?


Rias Tutik, 2012