Iwit Bajing lan
Tikus Cilik
Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe
sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung
sethithik. Kamangka sedhela engkas wis
mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede
dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane
umure.
Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambutgawe. Mulane,
saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing
mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.
Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.
“Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng
mengko….” kandhane Iwit marang Kiki Tikus.
“Iya, aja kuwatir,” wangsulane Kiki.
“Carane, wiwit saiki kudu nyambutgawe sing mempeng, golek
wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa nglumpukake pangan.”
Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. “Apa? Aku kudu
nyambutgawe? Huhh… wegah…wegah..!” Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop.
Let sedhilut wis
turu nglepus. Sauntara iku kanca-kancane, kaya prenjak lan dara, padha ibut
nyambutgawe.
Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit
krungu swara tangis. Dheweke banjur nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus
cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa panggonane Iwit turu.
“Geneya kowe kok nangis?” pitakone Iwit.
Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil
ngarep.
“Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora
duwe papan kanggo ngeyub. Aku bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo
ngeyub sasuwene mangsa rendheng,” wusana kewetu sambate.
“Aku ya sumpeg…. wis
meh rendheng durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati
kaliren mengko,” Iwit genti sambat.
Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe
dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik,
rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur mlungker ing
buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti
Iwit nglilir.
“Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu
ana buntutmu mau,” kandhane Kiki Tikus bareng Iwit nglilir.
“Iya ta? Nek ngono, kowe wis
nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.”
“Ing endi?” pitakone tikus cilik ora ngerti.
“Ing buntutku….”
“Tenan? Kowe ora kabotan?”
“He’em.”
“Matur suwun Wit, matur suwun,” kandhane si tikus cilik seneng
banget. Ing batin dheweke janji arep mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke
ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan pangan.
Tikus cilik iku banjur sengkud nyambutgawe nglumpukake
pasedhiyan pangan mangsa rendheng kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane.
Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis
kebak panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane.
Ateges dheweke bisa mangan wareg ing mangsa rendheg mengko.
“Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?”
“Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.”
“Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku….”
“Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung
gelem nyambutgawe mempeng….”
Iwit mesem isin. ”He’em, pancen kudune aku nyambutgawe mempeng
kaya kowe lan kanca-kanca liyane.” Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane
kuwi. “Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora bakal turu wae. Matur nuwun
Kus, kowe wis
nyadharake aku….”