GEGURITAN
MUDHA MUDHI
Tumrap para mudha
Anggayuha kang utama
Singkirana ingkang ala
Tresna bangsa lan negara
Tanjirih ing beboyo
Nadyan tekeng palastro
Suka lila tyas legawa
Sagunging para pamudhi
Darbe watak ingkang gemi
Nastiti ngati-ati
Sungkem mring Ibu pertiwi
Rahina kalayan ratri
Ngesti raharjaning nagri
Susi Hamborowati
TEMBANG
Dhuh anakmas sira wajib angurmati Marang yayah rena Aja pisan kumawani Anyenyamah gawe susah
Kumbakara sruang gero nggenya miwun Rampal asta suku kalih Dening waras traning mungsuh Ngrungkebi bumi kinasih Tan rujuk dhawuhe katong
Pama kaki padha dipun eling Ing pitutur ingong Sira uga satriya arane Kudu anteng jatmika ing budi Ruruh sastra wasis Ing samubarang |
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegesekas nyantosani, Setya budya pangekese durhangkara.
Sekar gambuh ping catur, Kang cinantur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa katutuh, Kapatuh pan dadi awon
Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, Ala lan becik puniku, Prayoga kawruhana, Adat waton punika dipun kadulu, Miwah ingkang tata krama, Den kaesti siyang ratri. |
Prabu Dewata Cengkar
Kraton medhang kamulan diparentah dening raja raseksa kang ajejuluk “Prabu Dewata Cengkar”, kang nduweni pakareman mangsa daginging manungsa, utawa kang iseh prawan kencur. Mula awatak ‘adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa insun, ya bandhaku ya donyaku, yen bandhaku ya bandhaku dewe, kelamun bandhamu ya karo bandhaku”. Mangkono watak e padinan kang kasandang.
Kasatria ing dhusun dhadhapan, isih kalebu wewengkon kraton medang kamulan ana warandha dewe anak wadon siji aran rara wulan.watake dregep, rigen mungen, nadya bocah desa nanging gandes luwe sasolahe.
Simboke ana mburi kang lagi ngundhuh kara putih ngandani anake : “Ngene ya nok, sliramu ndak jarwani, anakku ya mung siji kowe, mula sing ngati-ati marang sambarang gawe, kowe sakiki wis ngarak dewasa. Aja gumampang nibakake tembung lan kang ndadekake kuciwaning liyan lan aja seneng tumindak lelemeran kang bisa gawe cilakamu dhewe”. Anake banjur semaur, karo ngaret ramban : “inggih mbok, kuyla sampun ngertas bebagan punika . kula malah sampun cecawis sarana maksut kula ngeten le mbok. Prabu Dewata Cengkar kedah dipun lawan srana kekiyatan”.
“Ha..ha..ha.. he dak takoni aja geroh : apa iki sing aran mbok randha dhadapan?” “ Ingih tu … tuwan, karo ngempet rasa dredeg. Aku iki lurahe prajurit ing medhang kamulan kene. Wira mangala aranku yen aku wira braja jenengku. ;latekaku ing papan kene ora liya diutus karo Gusti ratuku Kanjeng Sinuwun dewata cengkar supaya nyowanake anakmu, menyang Kraton supaya ora dadi gembel.”
“He ki sanak… dhasar manungsa jalanat kang ora duwe rasa prikamanungsan. Heh… sapa sliramu cah bagus. Kok wani lanyoh-lanyoh soroh nyawa rene. Bocah wingi sore, durung ilang pupuk lempuyungmu. Dasar wong tuwo gaplokan, ora ana kanggo tepa tuladha, mangerti. “Aji saka aranku”.
Gancarane carita, aji saka bisa marak sowan, karo raja medhang kamulan iku, sawuse diupacarani minangka tamu Ajisaka matur, Dhuh…kanjeng Prabu kula nipun Ajisaka, ingkang pinangka sulihipun mbok randha dhadapan pinangka mangsan paduka ing dhinten punika”.
“Wah endah enake daginge iki mengko. Dhasare enom, bagus, lan besus, wus enggal mapan enggal dak bedhog kuwandhamu. Sendika dawuh Sang Prabu, kula sagah paduka dhahar, nanging kula nggadahi panyuwun.” Iya wis dak ulani matur.”
Sakderengipun kula dumugi pejah, muga wonten lila paduka kula nyraodaken nyakrawani wonten siti tlatah medhang kamulan ngriki, mila boten ketang amung saiket wiyaripun kula nyuwun, palilah paduka. Oiya wis kae lemah perdika ing iring kidul wetan kae ingsun paringaken marang kulawargamu.
Matur sembah nuwun, dene kula sampun kaparingan bumi perdikan. Saiket wiyaripun punika kanjeng prabu.
Ing dina candake Dewata Cengkar ranja lan nduduhake papan kang kaparingaken marang Ajisaka. Rikala lagi ngukur jembare lemah, mau ana kaelokan, ikete Ajisaka kabukak saka mustakane arep dienggo ngukur jembare lemah, nanging………. Ora ngerti sangkan parane bilahi, pucuke iket mau bisa melar, modot, saengga nyurung awake Dewata Cengkar nganti tumeka ing segara kidul nganti lan tiwase.
Saiki para warga padha ngaturake panuwun marang Ajisaka kang wus bisa mbekas memalane negara kang tansah gawe kapiturane liyan. Lan negara Medhang Kamulan dipangarsani dening Ajisaka, banjur negara kang tata, tentrem, adoh saka rasa memungsuhan lan cecengilan. Tansah memayu hayuning bawana.