Asal-usule Sendhang Lanang Lan Bukit Pace
Nalika jaman penjajahan Walanda uripa rakyat rekasa lan sengsara. Sing padha mbangkang prentah, njur dipilara lan disiksa, kepara akeh sing dipateni. Semono uga nasibe bangsa Tionghoa kang wis suwe urip ana tanah Jawa. Kahanan kaya mengkene iki ndadekake runtike rakyat pribuni lan bangsa Tionghoa. Gumolonge sedya bakal nglawan bangsa Walanda. Wusanane tuwuh ontran-ontran perang mungsuh Walanda. Ontran-ontran kawiwitan saka Jakarta, mrembet tekan Cirebon, Semarang, lan Kartosuro.
Prabu Susuhunan Pakubuwana II uga ora cocok marang bangsa Walandha kang wengis, ora nduwe rasa kamangnungsan. Niyate arep sabyantu nglawan bangsa Walanda. Rakyat lan bangsa Tionghoa akeh sing dadi korban, kekuwatane dadi ringkih. Kedadeyan iku ndadekake penggalihe Susuhunan Pakubuwana II miyur, bingung banjur mbalik arep melu Walanda.
Para punggawa kraton lan rakyate sing maune nyengkuyung Pakubuwana II, banjur padha muntap lan mbalela marang Pakubuwana kang miyar-miyur mbalik melu bangsa Walanda. Raden Mas Garendi ya Si Sunan Kencet oleh panyengkuyunge para kawula lan bangsa Tionghoa brontak lan nglawan Pakubuwana II. Kraton Mataram kasil dikuwasani dening Raden Mas Garendi, dene Pakubuwana II lan pendhereke mlayu ngungsi menyang dhaerah Ponorogo.
Ing papan pangungsen iku mau, Susuhunan Pakubuwana antuk pambyantune bangsa Walanda bias ngrebut Kraton Mataram kan wis pindhah saka Kartosuro menyang Surakarta. Walanda duwe pamrih nguwasani dhaerah pesisir lor Pulo Jawa. Wiwit iku kawula cilik padha sengsara, kudu manut bangsa Walanda.
Raden Mas Said sinengkuyung saperangan punggawa kraton kang ora sarujuk marang Pakubuwana, metu saka kraton arep mbalela. Ontran-ontran antarane Raden Mas Said sawadyabalane lumawan prajurit kraton kang dipandhegane dening Pangeran Mangkubumi tan bisa diendhani. Raden Mas Said kethetheran, banjur mlayu mangidul tekan tlatah Kabopaten Wonogiri. Anehe ing papan iki, Raden Mas Said bingung ora ngerti keblat. Yen tindak-tindak mung mubeng kliweran akhire tekan papan konomeneh.
Panjenengane ora gampang nyerah, nanging banjur nyuwun pituduh lan pitulungan marang Gusti Kang Maha Agung, sarana semedi. Wusanane antuk pituduh saka Gusti kadhawuhan methuki pawongan sing lagi mertapa ana galengan sawah kang mentas ditampingi, aran KI Tamping. Kanti rasa welas lan bungah, Ki Tamping sabyantu marang Raden Mas Said. Saking gedhe marang panarimane, mula papan anggone Raden Mas Said bingung lan kliweran mau banjur dijenengake Kaloran. Tumeka saiki Desa Kaloran lestari dienggo jeneng desa ing tlatah Kecamatan Wonogiri.
Sabanjura Raden Mas Said utusan Ki Tamping supaya ndudhuk sangisore wit kang ana perenge bukit. Lagi oleh kira-kira semester wis metu banyune banter banget, tur bening. Kabeh pandhereke padha ngombe, lan dadi seneng amarga wus ilang rasa ngelake. Gandheng kabeh pandhereke wong lanang, lan sing ngombe sepisan wong lanang, mula papan sumber banyu mau dijenengake Sendhang Lanang. Nganti saiki Sendhang Lanang isih anal an ora tau asat banyune sanajan ketiga dawa. Sendhang Lanang dumunung ana pekarangan SMA Negeri 3 Wonogiri, kurang luwih 2 km saka punjere kutha Wonogiri arah ngidul ngulon.
Desa Kaloran sangsaya suwe rame, dirasa mapan ana kono ora aman mula banjur nerusake laku ngidul ngulon tekan bukit. Raden Mas Said utusan golek woh-wohan, lan sing ana mung woh pace. Woh pace dipethiki banjur padha dipangan. Raden Mas Said lan pandhereke wus ilang rasa luwene, marga saka woh pace. Kanggo pangeling-eling papan iku mau dijenengake Bukit Pace.
Mangkono critane mungguh asal-usule Sendhang Lanang lan Bukit Pace, kang ora bisa uwal karo laku perjuangane Raden Mas Said perang lumawan bangsa Walanda lan Pakubuwana II.